Contoh Teks Pidato atau Sambutan Halal Bihalal untuk Hari Raya Idul Fitri dalam Bahasa Jawa

- 11 Mei 2022, 15:52 WIB
Ilustrasi Mic untuk pidato - Bisa dijadikan referensi, berikut contoh pidato Bahasa Jawa singkat acara perpisahan sekolah untuk kelas 9 SMP atau MTs
Ilustrasi Mic untuk pidato - Bisa dijadikan referensi, berikut contoh pidato Bahasa Jawa singkat acara perpisahan sekolah untuk kelas 9 SMP atau MTs /LograsStudio/Pixabay

Baca Juga: Profil Lengkap Bilqis Prasista, Tunggal Putri Ranking 333 yang Kalahkan Akane Yamaguchi dalam Uber Cup 2022

Wonten ing suasana ingkang berbahagiya niki, monggo kita sedaya ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah SWT ingkang sampun maringin nikmat ugi hidayahipun sehingga kita wakdal niki saget ndugeni acara niki kanthi mboten wonten alangan setunggalin punapa-punapa. Mugiya rawu kula lan panjenengan sedaya niki wonten gina lan manfaatipun.

Sholawat ugi salam mugiya tetep dipun paringaken dumateng nabi kita Muhammad SAW ingkang sampun maringi pitedah dateng sedaya umat menungsa sehingga ngertos perbuatan ingkang sahe lan awon ingkang kedah dipun tebihi. Mugiya kita sedaya kalebet umat beliau ingkang purun ngamalaken ajaran Islam kelawan leres.

Sedaya undangan ingkang kula hormati.

Baca Juga: Ukraina Klaim Keberhasilan Negaranya Hentikan Perdagangan Gas Rusia ke Wilayah Eropa

Kita selaku umat Islam niki sampun ngelampahi ibadah poso selami setunggal wulan. Lan wakdal niki kita ngerayakaken dinten kemenangan inggih punika dinten riyaya Fitri.

Lan mugiya kita dipun dadosaken Allah SWT dados hambanipun ingkang beriman lan taqwa. Keranten niku monggo kita sareng-sareng ngerenungaken ugi memperhatosaken Idul Fitri, inggih menika dinten ingkang mulya lan kathah berkahipun menika, wonten ing wakdal menika kula lan panjenengan sedaya umat Islam keadaanipun suci lan bersih, keranten selami setunggal wulan kita sedaya ngelampahi ujian, inggih menika ngelampahi siyam, sholat taraweh, tadarus, i'tikaf wonten ing wakdal dalu. Lajeng akhir wonten ing dalem dinten Idul Fitri punika kita bebas saking hal punika, ngantos wonten ing dinten Idul Fitri punika dipun haramaken ngelampahi siyam, artosipun kita kapurih gembira kangge nedoh utawi awan kaliyan dhahar ingkang halal, kejawi saking menika wonten ing dinten riyadin Idul Fitri wonten setunggalin perkawis ingkang sanget mbingahaken kanggene kita selaku umat Islam inggih menika ing wakdal wulan Romadhon. Kados ngendikane Nabi SAW ingkang artosipun:

Baca Juga: Lirik Lagu Agnez Mo ‘Promises’ yang Rilis pada Masa Pandemi Covid -19, I know I say I will change if You pull…

"Sasi Romadhon menika kawitane rohmat, Lan tengah-tengahipun pangapura lan akhiripun bebas saking pinten-pinten neraka."

Pramila saking niku kangge kita selaku umat Islam ingkang nembe ngelampahi siyam Romadhon, ugi sholat taraweh lan amalan sahe lintu-lintunipun. Wonten ing dinten Idul Fitri menika kita bersih saking pinten-pinten dosa kados si jabang bayi lahir saking kandungan ibunipun. Bener-bener suci lan bersih, menikolah setunggal rohmat saking Allah SWT, mila saking niku lajeng tumerapipun kita umat Islam sampun sak mestinenipun menawi wonten ing dalem dinten Idul Fitri menika saget bingah, ananging suatu kenyataan ing dinten Idul Fitri menika kawontenan menungsa ing antawisipun wonten ingkang gembira, wonten ingkang susah, lan ugi wonten ingkang berpakaian inggal, wonten ingkang lami, wonten ingkang melampah lan lintu-lintunipun. Menika boten lintu nggambaraken mbenjang benjang ing wonten dinten kiamat nalika para menungsa dipun tangekaken saking alam kubur kawontenanipun para menungsa menika kados kawontenan wonten ing dinten Idul Fitri menika, wonten ingkang raos seneng, wonten ingkang susah, lan sak pinunggalane. Mila saking niku tumeraping kita sedaya ingkang wakdal menika kawontenan raos bingah keranten rohmatipun Allah SWT, mila monggo kita njagi kebahagiyaan menika kanthi ngelampahi pinten-pinten kesahean wonten ing sak lebetipun sasi Syawal menika lan sak terusipun, supados kebahagiyaan menika saget meresap lan ninggalaken bekas ngantos benjang wonten ing akhirat.

Halaman:

Editor: Azizurrochim

Sumber: Portal Jember


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini