Contoh Teks Pidato atau Sambutan Halal Bihalal untuk Hari Raya Idul Fitri dalam Bahasa Jawa

11 Mei 2022, 15:52 WIB
Ilustrasi Mic untuk pidato - Bisa dijadikan referensi, berikut contoh pidato Bahasa Jawa singkat acara perpisahan sekolah untuk kelas 9 SMP atau MTs /LograsStudio/Pixabay

 

Media Tulungagung – Berikut ini adalah contoh teks pidato atau sambutan halal bihalal untuk Hari Raya Idul Fitri dalam Bahasa Jawa.

Bagi umat Muslim, perayaan Hari Raya Idul Fitri pada sebagian kelompok tidak terasa lengkap jika belum mengadakan acara halal bihalal.

Biasanya, halal bihalal banyak ditemukan di pulau Jawa. Tujuan utama mereka tentu ingin menyambung silaturrahmi secara langsung setelah lama tidak berjumpa untuk saling memaafkan.

Baca Juga: Kalah dari Bilqis Prasista di Uber Cup 2022, Akane Yamaguchi Terlihat Menangis saat Lakukan Wawancara

Acara halal bihalal biasanya disertai dengan adanya prosesi acara formal. Mulai dari pembukaan, sambutan hingga doa sebagai penutup.

Berikut kami akan membagikan contoh teks sambutan bahasa jawa yang biasa digunakan dalam acara halal bihalal, seperti dilansir Tim Media Tulungagung dari Portal Jember pada Rabu, 11 Mei 2022.

Assalaamu‘alaikum warahmatullaahi wabarakaatuh

Para rawuh sedaya ingkang kula hormati.

Baca Juga: Profil Lengkap Bilqis Prasista, Tunggal Putri Ranking 333 yang Kalahkan Akane Yamaguchi dalam Uber Cup 2022

Wonten ing suasana ingkang berbahagiya niki, monggo kita sedaya ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah SWT ingkang sampun maringin nikmat ugi hidayahipun sehingga kita wakdal niki saget ndugeni acara niki kanthi mboten wonten alangan setunggalin punapa-punapa. Mugiya rawu kula lan panjenengan sedaya niki wonten gina lan manfaatipun.

Sholawat ugi salam mugiya tetep dipun paringaken dumateng nabi kita Muhammad SAW ingkang sampun maringi pitedah dateng sedaya umat menungsa sehingga ngertos perbuatan ingkang sahe lan awon ingkang kedah dipun tebihi. Mugiya kita sedaya kalebet umat beliau ingkang purun ngamalaken ajaran Islam kelawan leres.

Sedaya undangan ingkang kula hormati.

Baca Juga: Ukraina Klaim Keberhasilan Negaranya Hentikan Perdagangan Gas Rusia ke Wilayah Eropa

Kita selaku umat Islam niki sampun ngelampahi ibadah poso selami setunggal wulan. Lan wakdal niki kita ngerayakaken dinten kemenangan inggih punika dinten riyaya Fitri.

Lan mugiya kita dipun dadosaken Allah SWT dados hambanipun ingkang beriman lan taqwa. Keranten niku monggo kita sareng-sareng ngerenungaken ugi memperhatosaken Idul Fitri, inggih menika dinten ingkang mulya lan kathah berkahipun menika, wonten ing wakdal menika kula lan panjenengan sedaya umat Islam keadaanipun suci lan bersih, keranten selami setunggal wulan kita sedaya ngelampahi ujian, inggih menika ngelampahi siyam, sholat taraweh, tadarus, i'tikaf wonten ing wakdal dalu. Lajeng akhir wonten ing dalem dinten Idul Fitri punika kita bebas saking hal punika, ngantos wonten ing dinten Idul Fitri punika dipun haramaken ngelampahi siyam, artosipun kita kapurih gembira kangge nedoh utawi awan kaliyan dhahar ingkang halal, kejawi saking menika wonten ing dinten riyadin Idul Fitri wonten setunggalin perkawis ingkang sanget mbingahaken kanggene kita selaku umat Islam inggih menika ing wakdal wulan Romadhon. Kados ngendikane Nabi SAW ingkang artosipun:

Baca Juga: Lirik Lagu Agnez Mo ‘Promises’ yang Rilis pada Masa Pandemi Covid -19, I know I say I will change if You pull…

"Sasi Romadhon menika kawitane rohmat, Lan tengah-tengahipun pangapura lan akhiripun bebas saking pinten-pinten neraka."

Pramila saking niku kangge kita selaku umat Islam ingkang nembe ngelampahi siyam Romadhon, ugi sholat taraweh lan amalan sahe lintu-lintunipun. Wonten ing dinten Idul Fitri menika kita bersih saking pinten-pinten dosa kados si jabang bayi lahir saking kandungan ibunipun. Bener-bener suci lan bersih, menikolah setunggal rohmat saking Allah SWT, mila saking niku lajeng tumerapipun kita umat Islam sampun sak mestinenipun menawi wonten ing dalem dinten Idul Fitri menika saget bingah, ananging suatu kenyataan ing dinten Idul Fitri menika kawontenan menungsa ing antawisipun wonten ingkang gembira, wonten ingkang susah, lan ugi wonten ingkang berpakaian inggal, wonten ingkang lami, wonten ingkang melampah lan lintu-lintunipun. Menika boten lintu nggambaraken mbenjang benjang ing wonten dinten kiamat nalika para menungsa dipun tangekaken saking alam kubur kawontenanipun para menungsa menika kados kawontenan wonten ing dinten Idul Fitri menika, wonten ingkang raos seneng, wonten ingkang susah, lan sak pinunggalane. Mila saking niku tumeraping kita sedaya ingkang wakdal menika kawontenan raos bingah keranten rohmatipun Allah SWT, mila monggo kita njagi kebahagiyaan menika kanthi ngelampahi pinten-pinten kesahean wonten ing sak lebetipun sasi Syawal menika lan sak terusipun, supados kebahagiyaan menika saget meresap lan ninggalaken bekas ngantos benjang wonten ing akhirat.

Baca Juga: Inilah Daftar Pemain Putri Bulu Tangkis Indonesia yang Akan Bertanding Melawan Tim Jepang dalam Uber Cup 2022

Undangan sedaya ingkang kula hormati.

Langkung-langkung malih wonten ing wakdal menika kita sedaya wonten ing tengah-tengah Idul Fitri, kita sedaya kedah ngathah-ngathahaken silaturrahmi, nyambung sanak famili lan saling maaf-memaafkan.

Kados ingkang dipun sebataken wonten ing setunggalin keterangan, inggih menika:

Baca Juga: Membanggakan! Tunggal Putri Indonesia Berhasil Kalahkan Akane Yamaguchi Dua Set Langsung dalam Uber Cup 2022

"Ana telung perkara kang sapa wonge bisa ngelakoni telung perkara mahu, mongko wong mau bakal den hisab kang gampang, nuli den lebokake ana ing suwarga kelawan rahmat Allah. Lajeng para sahabat sami matur menapa tigang perkara menika ya Rasulullah; kanjeng Nabi mangsuli, yaiku: sira gelem weweh marang wong kang ora gelem weweh marang sira, lan sira gelem silaturrahmi marang wong kang ora gelem silaturrahmi marang sira, lan sira gelem paring ngapura marang wong kang dzalim marang sira. Mangka yen sira bisa ngelakoni telung perkara mau, mangka sira tetep bakal mlebu ana ing suwargo."

Undangan sedaya ingkang kula hormati.

Mekaten sambutan kula, kirang langkunge kula nyuwun agunge pangapunten. Ihdinash Shiraatal Mustaqiim.

Baca Juga: Setelah Kalah dari Vietnam, Timnas U23 Kalahkan Timor Leste dengan Skor 4-1

Wassalaamu‘alaikum warahmatullaahi wabarakaatuh.***(Talhah Lukman Ahmad/Portal Jember)

Artikel ini pernah tayang dengan judul ‘Sambutan atau Pidato Halal Bihalal Bahasa Jawa Singkat di Idul Fitri, Pidato Ing Dalem Acara Halal Bihalal’.

Editor: Azizurrochim

Sumber: Portal Jember

Tags

Terkini

Terpopuler