Download PDF Materi Khutbah Bahasa Jawa Hari Raya Idul Adha 2022, Tema: 3 Pesan Dibalik Penyembelihan Kurban

- 28 Juni 2022, 09:15 WIB
Link Download Naskah Khutbah Idul Adha 2022 PDF Singkat, Jelas, dan Mudah Dihapal
Link Download Naskah Khutbah Idul Adha 2022 PDF Singkat, Jelas, dan Mudah Dihapal /pixabay.com/@suhailsuri

Nabi Ibrahim lolos saking ujian meniko. Piyambakipun mbuktikaken menawi piyambakipun sanggup ngalahaken egonipun kangge tujuwan mertahanaken nilai-nilai Ilahi. Sawentawis Nabi Ismail, sanadyan umuripun taksih bocah, mampu mbuktikaken dados lare ingkang ngabekti dhateng pengeranipun.

Ingkang menarik, Bapakipun matur dhateng Ismail nyuwun pendapatipun langkung-langkung rumiyin, kelawan tutur tembung ingkang alus, tanpa unsur paksaan.

Baca Juga: Holywings Minta Maaf ke Publik dan Minta Doa Masyarakat Atas Kasus Hukum Mereka

Sikap Nabi Ibrahim dhateng Ismail meniko maringi wucalan kangge para tiyang sepuh, sampun sapisan-pisan meksa anak kangge nglampahaken punapa-punapa senadyan meniko kelebet perkawis sae. Nanging tanglet utawi nyuwun pendapat dhateng anak, amargi secara mboten langsung hal meniko sgaed paring pelajaran dhateng anak kangge saling menghormati tiyang sanes.

Jamaah shalat idul adha hadâkumullâh,

Pelajaran kaping kalih inggih meniko tentang kamulyan manungso. Wonten ing kisah meniko kito ugi dipun-emutaken supados sampun nganggep awis punapa-punapa bilih meniko kangge mertahanaken nilai-nilai ketuhanan, nanging ing sisi sanes kito ugi dipunwantos-wantos supados mboten ngeremehaken nyawa lan getih manungso.

Baca Juga: Media Asing Soroti Jokowi yang Akan Berkunjung ke Ukraina, Sebut Popularitas Presiden Makin Turun

Panggantosan Nabi Ismail kaliyan domba ageng inggih meniko pesen nyata bilih pengorbanan dalam bentuk badan manungso kados tradisi salah setunggal kelompok ing jaman semanten inggih meniko hal ingkang diharamaken.

Manungso kaliyan manungso sanes saestunipun inggih meniko sadherek. Piyambakipun sedoyo dipunlahiraken saking setunggal bapak, inggih meniko Nabi Adam ‘Alaihissalâm. Larangan ngorbanaken manungso saleresipun penegasan tentang luhuripun manungso menggahipun Islam.

Hadirin rahimakumullah..

Halaman:

Editor: Azizurrochim

Sumber: Khutbah Singkat


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah